Kampanye Penyampaian Proker Ketua/Wakil OSIS SMPN 2 Pabelan

Calon Ketua lan Wakil Ketua OSIS SMPN 2 Pabelan maparake Visi Misine

Swasana Orasi Calon Ketua lan Wakil Ketua OSIS ing Sakngarepe Para Dwija


Dalam rangka pamilihan  ketua OSIS biasane calon  ketua OSIS bakal nyampekne visi, misi lan program kerjane. Proses kasebut uga diarani kampanye ketua OSIS. Ing dina selasa surya 3 oktober 2023, kalaksanan penyampaian visi, misi lan program kerja calon ketua/wakil OSIS SMPN 2 Pabelan  periode 2023/2024 manggon ing ruang guru. Sadurunge kampanye ing ruang guru, para calon ketua/wakil OSIS wis nglaksanaake kampanye ing saben kelas. Ana telu  pasangan calon  ketua/wakil OSIS, yaiku paslon 1 Vanesa/Nabila, paslon 2 Zahra/Rahma, lan paslon 3 Wahid/Shafa.

Program kerja kang disampekne dening paslon 1 yaiku ‘Gelis(gerakan literasi), gawe pojok baca utawa pohon literasi ing saben kelas lan ngadakake kagiyatan maca buku saben dina’. Paslon 2 nyampekne  ‘saben dina senin kabeh anggota OSIS kumpul luwih disik kanggo mbantu nyiapake barisan saben kelas’. Dene paslon 3 nyampekne program kerjane  yaiku ‘melu ngrampungake masalah perudungan/pembulian sing kedadean ana ing sekolahan’.

Kampanye kasebut dilakoni supaya bisa kapilih dening kabeh siswa lan Guru.


Agus Nugroho

AGENDA
LINK TERKAIT