Dwija basa Jawa enggal wonten ing pasinaon semester genap 2022/ 2023.
Pasinaon enggal ing taun ajaran 2022/ 2023 sampun kawiwitan. Sami kaliyan SD, SMP, SMA Negeri ing Kabupaten Semarang, SMP Negeri 2 Pabelan ugi ngawiwiti pasinaon anyar sasampunipun serah tinampi kasil pasinaon semester ganjil. Pasinaon menika dipunwiwiti wonten ing dinten Senin, 2 Januari 2023. Sareng kaliyan taun ajaran enggal, SMP Negeri 2 Pabelan menika pinkantuk dwija enggal.
Miturut SK saking Dinas Pendidikan Kabupaten Semarang ingkang mandhap wonten ing sasi Desember. Dwija enggal ingkang asmanipun Fitriani Luluk Ashari dipunutus dados dwija ingkang mbiyantu mucal ing SMP menika. Ibu Fitri menika ngasta mata pelajaran basa Jawa.
Wonten ing pasinaon enggal menika, dipunwiwiti apel pagi ingkang dipunpandhegani kaliyan Kepala SMP Negeri 2 Pabelan Sigit Setyo Atmoko, S.Pd., M.Pd. Sasampunipun kegiyatan menika, Bapak Kepala nyukani kalonggaran supados Bu Fitri saged pitepangan kaliyan dwija sanesipun.
Mugi kawontenan dwija enggal menika saged mbiyantu mucal lan nyukani kontribusi kanthi maksimal kangge SMP Negeri 2 Pabelan.